ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂ Jawa
“Aja nganti mangan suket”
Pitutur wong tuwa Jawa mbiyen tansah ngandharaké kawicaksanan kanthi basa prasaja nanging jero maknané. Salah siji pitutur iku yaiku: “Aja nganti mangan suket.”
Suket iku panganané kéwan, dudu panganané manungsa. Tegesé wong urip aja nganti nurunaké martabaté kaya kéwan, mung ngoyak hawa nafsu tanpa mikir halal-haram. Wong sing mangan barang haram utawa nyedhot urip saka panguripan sing ora sah, padha karo mangan suket: ora ana gunané kanggo jiwa, malah ngrusak ati lan akhlak.
Dalil al-Qur’an
Ayat iki ngelingaké menawa panganan sing kudu mlebu ing awak kudu halal lan becik. Iki uga dadi tandha bilih Allah maringi bebatasan supaya uripé manungsa tetep resik lan barokah.
Hadits Nabi ﷺ
Pepeling iki nyambung karo pitutur Jawa. Manungsa kudu waspada, aja nganti mangan saka barang sing haram, amarga bakal ngrusak badan lan nyeret jiwa menyang cilaka.
Piwulang Urip
“Aja nganti mangan suket” ora mung ateges panganan lahiriah, nanging uga panganan batin lan pikiran. Ati sing diisi rasa iri, dengki, gosip, lan pamrih, padha karo mangan suket sing ora ana vitaminé kanggo rohani. Nanging ati sing diisi dzikir, Qur’an, lan rasa syukur, iku panganan sejati kanggo jiwa.
Wong Jawa biyen pituturé: “Urip iku kudu eling lan waspada.” Aja nganti lali marang Gusti Allah lan ora ngati-ati marang halal-haram. Iki sing ndadekaké uripé dadi rahayu lan barokah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar